Tuladha Pranatacara
Bismillahirrohmanirrohim
Assalamu ‘alaikum Wr. Wb,
Dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi, para pangemban pangembating praja satriyaning negari minangka pandam pandoming para kawula dasih ingkang sinuba ing pakurmatan, para sarjana, para sujana sujananing budi ingkang sampun wenang hanampi wahyuning kasutapan ingkang satuhu bagya mulya, nun inggih brayat ageng baraya wira wiyata, baraya wira tamtama, para puma karya labet praja ingkang mahambeg luhuring darma, para alim, para ulama ingkang rinten dalu tansah sumandhing kitab suci wahyuning Ilahi minangka panuntun keblating panembah ingkang satuhu luhuring budi, panjenenganipun para satya wredha, carana madya, para tamu kakung sumawana putri ingkang pantes nampi pakurmatan satuhu pantes lamunta sinudarsana.
Mradapa awit saking keparengipun Bp ___________Â sekalihan garwa, kula ingkang kapitedhan sinaraya hambuka wiwaraning suka, wenganing wicara, dwaraning kandha pinangka jejering pambiwara ngaturaken urut reroncening tata upacara ingkang sampun rinakit, rinancang dening para kulawangsa ingkang tartamtu kewala kaeneraken wonten ing pawiwahan prasaja ing hari kalenggahan punika, nun inggih panjenenganipun
Bp ___________Â netebi darmaning asepuh hangrakit sekar cepaka mulya, miwaha siwi mahargya suta. Kanthi raos panalangsa ingkang hamengku karsa nyuwun wonten ngarsanipun Gusti ingkang akarya loka, miwah nyuwun donga pangestunipun para lenggah, mugi kaleksananing sedya ing hari kalenggahan punika purwa madya wasana tansah pinaringan rahayu wilujeng tebih ing sambekala.
Para rawuh saha para lenggah saderengipun kula ngaturaken urut reroncening tata upacara ing ri kalenggahan punika mugi sageta jumbuh kalihan kuncaraning bangsa nuswantara ingkang linambaran luhur sarta agunging Pancaslia sumangga nun dhumateng para rawuh saha para lenggah langkung – langkung para pinisepuh ingkang sampun handungkaping yuswa ingkang ateges sampun pana ing pamawas, keblating panembah saha lebda ing pitutur kula dherekaken manungku puja hastawa puji hastuti wonten ngarsanipun Gusti purbaningrat, karana agung barokah saha rahmatipun ingkang rumentah dhumateng panjenengan sadaya dalasan kula ingkang sarta mugi lampahing tata upacara pahargyan prasaja ing ri kalenggahan punika tansah winantu ing suka basuki rahayu nir ing sambekala.
Para rawuh saha para lenggah, sampun dumugi wahyaning mangsa kala binuka hing tata upacara;
– Tinarbuka sowaning putra temanten saking sasana busana kepareng
humarak sowan lenggah wonten ing sasana rinengga dening para
ingkang piniji.
– Pasrah panampining putra temanten kakung dening para tetuwangga
ingkang piniji.
– Panggihing putra temanten kalajengaken upacara sungkem.
– Atur pambagya yuwana saking ingkang hamengku karsa.
– Ingkang salajengipun sowaning putra temanten sekalihan inggih
winastan upacara kirab angka I winastan Kirab Kanarendran.
– Kirabing putra temanten ingkang angka II winastan kirab kasatriyan.
– Wondene pratandha cetha paripurnaning pahargyan prasaja ing mangkeÂ
hambok bilih sampun wonten pratandha saking kulawarga minangkaÂ
paran para.
Panjenenganipun para rawuh saha para lenggah, makaten menggah urut reroncening tata upacara pahargyan prasaja ing ri kalenggahan punika, mila hawit saking punika mugi wontena suka lilaning panggalih kasuwun tansah lelenggahan kanthi mardu mardikaning panggalih sarwi paring puja hastawa puji hastuti saengga paripurnaning pahargyan prasaja ing hari kalenggahan punika.
Para rawuh saha para lenggah, jumbuh kalian urut reroncening tata upacara ingkang sarta karana sampun paripurna sri atmaja temanten putri anggenya hangadi salira mulas wadana, keparenging sedya sri atmaja temanten putri badhe humarak sowan wonten ngarsa panjenengan sadaya lenggah wonten ing sasana rinengga, wondene jengkaring sri atmaja temanten putri saking sasana busana kakanthi panjenenganipun
Ibu ___________Â saha Ibu ___________Â hambok bilih sampun samekta ing gati murih rahayuning sedya kasumanggakaken dhumateng para – para ingkang piniji, jengkaring temanten putri binarung ungeling Ketawang Puspawarna kanthi laras slendro pathet manyura, sumangga, nun nuwun.
Tuladha Aturipun Panatacara Badhe Jengkaring
Temanten Kakung Saking Wisma Palereman
Binarung swaraning pradangga hangrangin hambabar ketawang Puspawarna, ana ganda hangambar arum katiyubing samirana manda, kawistara jengkaring sri atmaja temanten putri mijil saking tepas wangi, tepas mengku werdi papan wangi wus hangarani ateges mijil saking panti busana nedya humarak sowan wonten ngarsanipun para rawuh manjing salebeting sasana rinengga kinanthenan Ibu ___________Â saha
Ibu ___________Â
Sri temanten putri hangagem busanaa ingkang sarwa retna hangemba busananing garwa nata, katon pating galebyar pating pancurat lamun kasaru sunaring pandam kurung ingkang hangrenggani sasana adi, pan yayah kartika hasilih prenah.
Hangagem puspito rinonce ing ukelira, sinampiraken wonten ing pamidhangan kanan, lamun katiyubing samirana manda kongas gandane hangebegi wisma pawiwahan, endah edining busana hamimbuhi gandes luwes solah bawane, lamunta cinandra ical sipating janma sawantah pan yayah Bathari ___________Â tumurun.
Tindakira sri atmaja temanten putri hamucang kanginan, lengkeh – lengkeh pindha singa lupa, sapecak mangu satindak kendel pangudasmaraning driya ingkang dereng kawijiling lesan hangrantu praptaning mudha taruna minangka gegantilaning nala.
Wus handungkap prapta hunggyan ingkang tinuju, putra temanten putri nulya kalenggahaken wonten ing sasana rinengga hangrantu laksitaning adicara ingkang sampun tinamtu.
Para rawuh saha para lenggah, kawistara sri atmaja temanten putri sampun lenggah hanggana raras wonten sasana adi inggih ing sasana rinengga ingkang ateges lenggah piyambakan lamun cinitra ing ukara semu kuciwa ing wardaya kaya – kaya hangrantu praptaning satriya mudha ingkang dadya gegantilaning nala, memaniking netra kang lagya labuh nagara.
Nun inggih para rawuh saha para lenggah, laksitaning tata upacara salajengipun sowaning putra temanten kakung saking wisma palereman ingkang kakanthi panjenenganipun Bp ___________Â saha
Bp ___________Â wondene ingkang hamboyong sekar cepaka mulya inggih kembar mayang panjenenganipun Ibu ___________Â ,
Ibu ___________Â ingkang sarta Ibu ___________Â minangka panyongsongipun, jengkaring caraka pamethuking temanten kakung kabiwaldha ungeling ladrang kapang – kapang laras pelog pathet 6 sumangga nun, nuwun.
Tuladha Aturipun Panatacara Badhe Jengkaring
|
Nun inggih panjenenganipun para rawuh saha para lenggah, caraka pamethuking putra temanten kakung inggih panjenenganipun
|
Â
Tuladha Panyandra Sowaning Putra Temanten Kakung
Saking Wisma Palereman
Binarung swaraning gangsa ingkang hangrangin hambabar ladrang wilujeng, kawistingal jengkaring putra temanten kakung saking wisma palereman ing pangajab mugi tansah manggih kawilujengan kalis hing sambekala, gumebyar busananing putra temanten kakung hangagem busana ingkang tinaretes benang sotya, ngagem kuluk kanigara hangemba busananing nata.
Dhampyak – dhampyak para kadang wandawa ingkang samya hangayab tindakipun putra temanten kakung, temanten kakung hanggenya lumaksana lengkeh – lengkeh pindha singa lupa, riak hanggajah ngoling sapecak mangu satindak kendel semu hangungun hanguningani endah edining swasana ingkang hangrenggani tawinging wiwara.
Wus handungkap unggyan ingkang tinuju gya kendel tindakira wonten sangajenging wiwara, keparenging sedya hangrantu laksitaning adicara salajengipun.
 Tuladha Aturipun Panatacara
|
Wus tinata titi tataning gati, nun inggih putra temanten kakung sampun jumeneng wonten sangajenging wiwara kepareng badhe hanetebi upacara pasrah, wondene ingkang kepareng hamasrahaken panjenenganipun
|
ÂTuladha Atur Pasrah Temanten Kakung |
Assalamu alaikum Wr. Wb.Kasugengan saha sih nugrahaning Gusti ingkang akarya loka mugi tansah kajiwa kasarira wonten panjenengan sadaya dalasan kula. Panjenenganipun Bp ___________Â (ingkang nampi) keparenga kula matur minangka sulih saliranipun Bapak saha Ibu (besan) kula kinen masrahaken putra temanten kakung pun Bagus ___________Â mugi katur panjenenganipun Bapak saha Ibu ___________Â Â (ingkang mengku gati).
|
Â
Tuladha Aturipun Panatacara Sasampunipun
|
Nun inggih, paripurna atur pasrah temanten kakung panjenenganipun (ingkang pasrah) gya tinampi panjenenganipun Bp ___________Â (ingkang nampi) minangka talanging basa panjenenganipun
|
Â
Â
Tuladha Atur Panampi Pasrah Temanten Kakung |
Assalamu ‘alaikum Wr. Wb.Dhumateng panjenenganipun Bp ___________  (ingkang pasrah) ingkang hangemban wajib luhur ing madyaning bebrayan ageng ingkang sinuba ing pakurmatan.
|
Â
Â
Tuladha Aturipun Panatacara Sasampunipun
|
Paripurna pasrah panampining putra temanten kakung dening para ingkang piniji kanthi lulus raharja nir ing sambekala.
|
Â
Tuladha Panyandra Panggihing Temanten |
Wus dumugi wahyaning mangsakala dhumawahing kodrat, sri atmaja temanten hanetebi tata upacara adat widi widana ingkang sampun sinengker wonten talatah ________________ nun inggih upacara panggih, adat mengku werdi tata cara, widi werdinipun Gusti, winengku werdi luhur wondene dana mengku werdi paweweh dados adat widi widana hamengku werdi tata cara paringipun Gusti ingkang linangkung, punapa ta werdinipun panggih inggih punika pangudi gambuhing panggalih, mila mboten mokal wonten titahing Gusti ingkang asipat jalu lawan wanita ingkang sumedya hanetepi jejering agesang, hangancik ing alam madya, mastuti ila – ila ujaring kina ingkang cinandhi hing akasa jinempana ing maruta, sarta mulat edi endahing budaya tulus.
|
February 10, 2011 at 2:33 am
Kaaturaken agung panuwun tanpa pepindhan, dene sampun kepareng down load. Mugi tansah manggih karaharjan samudayanipun.
February 23, 2011 at 10:44 am
Katur dumateng Bapa Khoironi,
Matur suwun dene panjenengan sampun kersa pinarak dateng blog kawula . Terimakasih Emint
________________________________
March 15, 2011 at 12:14 pm
matur suwon sanget kagem tuladha pranata adicara nipon..
July 26, 2011 at 12:36 pm
kula remen sanget..
copy nggeh mass,
July 28, 2011 at 1:56 am
Monggo mas dwi smoga bermafaat …
March 21, 2012 at 3:57 pm
Apik ning kurang prayoga.Mbok ya melu sinaau dhisik sadurunge aweh tuntunan dimen ora gawe kuceming budaya….
March 29, 2012 at 1:38 am
Suwun P.Mulyono …
Menawi mekaten kula tak sinau kalih panjenengane pripun ?
Margi kula tasih cubluk jee ..
May 12, 2012 at 2:42 am
matur nuwun sanget seratanipun, saget damel tuladha. Kasuwun menawi taksih kagungan artikel sanesipun, kula remen sanget.
June 21, 2012 at 2:50 pm
sembah nuwun… nderek copy
August 1, 2012 at 9:41 am
Matur nuwun nderek copy
August 2, 2012 at 3:29 am
mangga …
November 14, 2012 at 1:32 pm
menawi kepareng badhe nyuwun alamatipun Bapa………. kula badhe sowan
January 4, 2013 at 4:11 am
sae sanged…
May 20, 2014 at 1:30 am
matur nuwun awit artikelipun, saestu manfaat tumrap kula ingkang nembe sinau